Syi’ir Thoriqoh

Lakune Agomo ono telung tingkat
nomer siji wajib nglakoni syari’at
syahadat,sholat,zakat,puasa,haji kuat
ilmu,amal ikhlas ibadah semangat

nomer loro temen nglakoni thoriqoh
koyo sabar,zuhud,wira’i,riyadhoh
nomer telu tumeko maqom haqiqot
ketemu ing Allah utowo ma’rifat

talqin iku manggon ono telung tempat
siji talqin nalikone ijik sehat
ngalap janji dzikir kelawan melu bai’at
maring guru mursyid suluk ing thoriqoh

nomer loro talqin waktu wis sekarat
kang ditalqin kadang ra sadar ra ingat
nasibe mung kari ngenteni kodrat
lamun biso ngucap bejo lan selamat

nomer telu talqin naliko wes wafat
mayite dikubur aran talqin mayat
isine mung ngelengake ing syahadat
ojo sampek lali uwal soho oncat

talqin nomer siji kang paling paling dominan
sebab pas nompo talqin sadar lan aman
insya Allah teko mati keturutan
ngucap tahlil eleng tauhid ing pungkasan

bejo banget wong kang bai’at istiqomah
niat ikhlas mureh ridho Gusti Allah
ing akhire sedo bi husnil khotimah
bejo mulyo mukti ing dunyo akhirat

Illahi anta maksudi wa ridhoka mathlubi
Namung Tuan Gusti kang kulo padosi
namung ridho Gusti kang kulo goleki

,…

rifqiabdillah.my.id

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *